Menuju konten utama

Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa Pernikahan

Berikut contoh teks pranatacara manten bahasa Jawa yang bisa jadi referensi, baik untuk pemula dan yang ingin memperdalam membawa acara dengan nuansa adat.

Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa Pernikahan
Ilustrasi pernikahan jawa. foto/istockphoto

diajeng.id - Dalam rangkaian pernikahan adat Jawa, sosok pranatacara atau pembawa acara berbahasa Jawa memegang peranan yang sangat penting. Pranatacara merupakan istilah Jawa untuk MC yang bertugas memandu jalannya acara.

Perannya tidak sekadar membacakan susunan acara, tetapi juga memastikan setiap prosesi berlangsung dengan tertib, khidmat, serta selaras dengan nilai-nilai adat yang dijunjung. Tanggung jawabnya pranatacara cukup besar dalam menjaga kelancaran sekaligus kesakralan acara upacara pernikahan.

Oleh karena itu, memiliki referensi teks atau contoh pranatacara bahasa jawa pernikahan yang tepat tentu akan sangat membantu dalam pelaksanaannya.

Contoh Teks Pranatacara Pernikahan Bahasa Jawa

Agar prosesi pernikahan adat Jawa berjalan lancar, tertata, dan tetap menjunjung nilai kesakralan, peran pranatacara menjadi sangat penting.

Berikut ini contoh teks pranatacara manten dalam bahasa Jawa yang bisa dijadikan referensi, baik untuk pemula maupun yang ingin memperdalam kemampuan membawakan acara dengan nuansa adat yang kental.

Contoh Teks Pranatacara

Tuladha Atur Pambagyaharjo

Assalamu'alaikum warahmatullahi wa barakatuh.

Rumentahing puja hastawa saking Ngarsa Dalem Alloh SWT ingkang Maha Asih, mugi tansahkasajiwa kasarira dening panjenenganipun para rawuh kakung sumawana putri ingkang dhahatkinurmatan,

Nuwun,

Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggungmastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinunhi, para pangemban pangembating praja satriyaning nagari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkangsinuba ing pakurmatan, para sarjana, para sujana sujananing budi ingkang sampun wenanghanampi wahyuning kasutaman ingkang satuhu bagya mulya.

Nun inggih, brayat ageng baraya wira wiyata, baraya wira tamtama, para purna karya label prajaingkang mahambeg luhuring darma, para alim ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhingKitab Suci wahyuning Ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhuring budi, panjenenganipun para satya wreda, carana madya, para tamu kakung suwana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta sinudarsana.

Mradapa awit saking keparengipun Bapak Prasetya Marselino Hadi sakaliyan garwa, kulaingkang kapitedhah sinaraya hambuka wiwaranging suka, wenganining wicara, dwaraningkandha pinangka jejering pambiwara, ngaturaken urut reroncening tata upacara ingkang sampunrinakit, rinancang dening para kulawangsa ingkang tartamtu kewala kaeneraken wonten ing pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika.Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan, kepareng atur uninga menggah reroncening adicara sakmangke.

1. Pambuka.

2. Waosan Kitab Suci Al Quran.

3. Pasrah calon penganten kakung.

4. Tampi pasrah calon penganten kakung.

5. Ijab qobul nikahipun putra calon temanten.

6. Sumene

7. Penutup

Makaten urut reroncening adicara ingkang rinancang saha rinakit dening kulawarga.

Para lenggah,

Adicara ingkang angka sepisan sampun kaleksanan. Tataran ingkang angka kalih punika waosan Kitab Suci Al-Qur'an dening sedherek Dhea

Dhumateng panjenenganipun sedherek Dhea kula sumanggakaken.

Matur nuwun dhumateng panjenenganipun sedherek Dhea

Mugi-mugi amal kesaenan panjenengan katampi dening Allah SWT, saha pikantuk ganjaran pahala ingkang matikel-tikel.

Sampun paripurna titlaksana pasrah tinampining risang calon penganten kakung.

Laksitaning gati salajengipun nun akad nikah risang calon penganten kekalih. Dhumateng Bapak Naib saha parapara ingkang hanawung kridha tumapaking adicara akad nikah, sumangga.

Para rawuh ingkang tuhu kinabekten.

Mekaten adicara suci nikahipun Nakmas Bagas Triambodo Marsio kaliyan Nakajeng Ristanti Amalia Marselino Hadi sampun kalaksanan kanthi raharja nir ing sambekala. Agunging panuwunan ingkang tanpa pepindhan katur dhumateng panjenenganipun Bapak Naib sakkadang.

Para rawuh kakung suwana putri ingkang minulya. Saking keparengipun Bapak Prasetya Marselino Hadi sakaliyan, panjenengan sedaya kasuwun keparenga lelenggagan malih kanthi mardikanipun penggalih, hanjenengi lampahing adicara ngantos dumugi purnaning gati.

Mbok bilih taksih wonten ayahan ingkang kedah karampungaken. Bapak saha Ibu Prasetya Marselino Hadi namung saged handherekaken jengkaripun saking wisma upacara punika.

Matur nuwun

Bapak-Bapak, Ibu-Ibu, tuwin para rawuh ingkang minulya. Lumadosing pasugatan prasajaingkang katur wonten ngarsa panjenengan sami punika, minangka cihnaning raos syukuripunBapak saha Ibu Sella dene sampun saged kalaksanan ing sedya netepi darmaning asepuh. Pramila sumangga keparenga tumunten angrahapi kanthi mardikaning penggalih.

Sumangga. Nuwun.

Para rawuh ingkang tuhu kinabekten. Atur uninga, bilih sapunika sampun dungkap paripurnaning adicara. Nugraha saha sih wilasa dalem Allah SWT andayani lampahing upacarasaking purwa, madya dumugi swasana, pinaringan wilujeng kalis saking rubeda, kalis sakingsambekala.

Minangka pratandha raos panuwun sumangga sesarengan asung puji syukur konjuk ngarsa dalem Allah SWT, wonten pungkasaning adicara ing kalenggahan punika. Sumangga kula dherekaken.

Alhamdulillahi rabbil'alamin.

Cekap matur nuwun.

Bapak-Bapak, Ibu-Ibu, tuwin para tamu kakung miwah putri ingkang minulya, mbok bilih Bapak

Prasetya sekaliyan anggenipun ngacarani rawuh panjenengan sami kirang mranani penggalih, lananggenipun atur palenggahan saha pasugatan kirang murwat, mawantu-wantu panyuwunipun Bapak saha Ibu. Sella keparenga panjenengan sedaya paring pangaksama ingkang agung.

Konduripun para tamu, Ibu Sella sekaliyan namung saged nderekaken kasugengan.

Kula ingkang nindakaken ayahan minangka paranatacara, mbokbilih wonten atur saha patrap ingkang mboten ndadosaken sarjuning penggalih, inggih awit saking taksih cupeting saha cubluking seserepan kula ing reh subasito, basa tuwin sastra, kula namung tansah tumadhah paringipun pangaksama.

Wasana sugeng kondur, sugeng pepisahan, mugi-mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih.

Nuwun matur nuwun.

Kasuwun dhumateng panganten sarimbit, Bapak ... sekaliyan saha Bapak Ibu, keparenga jengkar saking wisma upacara, lajeng jumeneng wonten sangajengipun wiwara, asung pakurmatan konduripun para tamu kanthi jawat asta.

Sumangga, nuwun.

Alhirul kalam, billahittaufiq wal hidayah

Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Artikel lainnya seputar pernikahan juga bisa dibaca di sini.

Baca juga artikel terkait PERNIKAHAN atau tulisan lainnya dari Risa Fajar Kusuma

diajeng.id - Diajeng
Kontributor: Risa Fajar Kusuma
Penulis: Risa Fajar Kusuma
Editor: Dhita Koesno